asline nyong wis ora pingin crita-crita maning soal kancane dewek sing pancen langka langka, apa maning wonge wis langka. tapi wong wingi nyong sing diamanati kanca-kanca, ya kiye kaya laporan lah. hehehe, kaya mentri tok.
pancen wis rada suwe, kire-kire tanggal 11 Pebruari 2011 sore, mbuh dina apa klalen, nyong diSMS mbak yune Muntoha. jare pingin ketemu. ngerti kaya kuwe, nyong langsung mrana, nemoni. e... jebul nang umahe tembe bae dianakna khaul.
sawise ketemu, deweke ngomong sing intine keluarga ngucapna matur nuwun karo kanca-kancane muntoha sing wis nggatekna muntoha
Tidak ada komentar:
Posting Komentar