Jumat, 04 Maret 2011

arisane sidane nang ngendi?

kang teguh, lan kanca-kanca liyane, minggu terakhir wulan januari wingi, kanca-kanca pada ngumpul nang umahe kang khalimi nggo miwiti arisan. alhamdulillah pada teka senajan ora kabeh. sawise mangan-mangan dibunbuni omong-omongan ngalor ngidul terus klintingane dikocok. jebule sing metu nyong, junaedi. tekan ngumah, langsung ngomong karo bojo. bojo bungah nemen dumeh pan ketemu kanca-kanca. tapi sayang, ore suwe sawise kuwe jebul bojoku kondisine perlu istirahat, ora kena kesel. barang lapor kang khalimi, disepakati arisan sing pan teka nang Kang Kasirin, tanjungsari, mengko tanggal 27 maret 2011 jam 10.30

1 komentar:

  1. Muga muga pada tetep menjalin silaturohim ya ora bleh ,,
    Nyong kanca kanca neng perantauan mung bisane ndukung saka kadohan..
    Om Jun, blog kiye kok sepi komen karo tulisan khabar kanca kanca , bisa pora men rada rame ..

    BalasHapus