Kang Khalimi, Yu Sabarini, Yu Indriyani, Yu Suwarsih, Kang Padmo, lan liya-liyane pada bungah-ngah. Ambegane mak plong-long. Apa sing diusahakna pirang-pirang dina kiye, saiki wis netes, maujud dadi acara sing luar biasa. Senajan ora kabeh nanging wis bisa diarani sukses. Kanca-kanca sekolah mbiyen lagi nang SPG Negeri Pemalang lulusan tahun 1988, pada teka, nekani undangane. Malah anan sing ndadak sontak senajan lagi ana urusan penting kaya Mas Susianto, sing saiki dadi dosen nang UMB (Universitas Muhammadiyah Bengkulu), dilakoni numpak motor mabur. Padahal deweke waktu kuwe lagi nang Muko Muko ( ngendi kuwe Mas Susianto? ). Mba Sri Hartati sing saiki dadi politisi Gerindra, uga teka. Padahal anake lagi mriyang, malah arep mangkat opname ( muge-muge cepet mari ya Mba! ), Mas Teguh Raharjo sing nang SCTV, malah dilakoni ngatur jadwal men bisa teka. Kaya kuwe uge Mas Muslihin sing nang Indosiar, Kang Jamaludin, Kang Slamet Riyanto, Kang Diyono, Wage Priyanto, Winarsih Widiyati- Win Cilik sing saiki dadi Win Gede-, Larasati, Sri Handayani, Larasati, Khalimi "tela"( he...he...he...), Usman Moga, Mas Guru Soni, Ustadz Hasyim, Waluyo Watukumpul, Sirtu Filaili, Nurokhmani, Widyo Sisnowo, Titi Supriyati, Sugeng Budiarto, Karmini, Casiti, Nursiyam, Nurdiyati, Sutati, Sri Rahayu, Nurkholik, Kuswanto, Wahidin, Wijoyo, Pak Bau Muslim, Riyati, Sri Mindaryati, Sri Hidayati, Puji Rahayu, Fitriyatun, Kasnadi, Kasirin, Rusmiyati, Pak Bau Supeno, Dwi Sriyanti, Titi Lestari, Aenar Ajmalah, Kusriyati, Mba IO, Margono, Andi Suharjono, Sunoto, Slamet Riyadi, Suryono, Nasori, Haryanto, Dirjo, Supirman, Sudirman, Darminto, Norma Agus Salim, Nuning Rokhayati.
Sing ora teka, temenan gela nemen, ora bisa ketemu kanca-kanca sing rolikur tahun lawase ora tahu ketemu. Ngandel ora, akeh sing pada pangling siji karo sijine. Katon tambah ayu-ayu lan bagus-bagus ( he...he...he...sing nulis ora ding )
Acarane tah sederhana. Ora reka-reka. Anaha hiburan, ya paling ngrungokna Kang Khalimi nembang. Diselingi crita dewek-dewek kanggo tamba kangen. Bubar kuwe karo mangan iwak bakar lawoh sega, ( soale iwake gede, segane secuwil ) pada ngetokna uneg-uneg lan pikirane bab "kegiatan" sing pan teka. Ana sing ngomong bab kanca-kanca sing kurang begja, ana sing mbahas bab wujude kumpulan, apa kuwe forum silaturahim, Ikatan Alumni, apa maning lah sekarepe. Sing penting men ora bubar bar.
Kanggo mbantu kanca-kanca sing kurang begja, sing teka ngumpulna duwit salilane. Alhamdulillah olih pitungatus ewu luwih ( iya Kang Khalimi? )
Sadurunge pada pamit, dibahas soal waktu pertemuane maning. Ana sing usul saben tahun, ana sing saben rong tahun uga ana sing njaluk saben telung tahun. Akhire divoting ( lah, kaya anggota DPR tok ). Jebul sing menang sing usul rong tahunan. Ya, wong jare demokrasi, Volk Populi Volk Dei, iya Mas Soni? Akhire disepakati kumpule maning rong tahun sing pan teka. Ning ora kleru wulan Desember tahun rongewu rolas. Soal tempat lan panitiane dibahas mengko. La kanggo "forum komunikasine"
Si Jun, gon nggawe Blog. Ya wis, ora papa. Senajan ora pinter, dipinter-pinterna. Masa gon kaya kuwe beh, ora gelem. Kebangeten. Tapi ya kuwe, angger ora apik, apa kurang gadgete, aja dipoyoki. Dituturi bae, men tambah pinter. Iya ra Son. Bar-barane pada poto-potonan. ( meningan, muride R. Soehadi, B.A., S.Pd. )
Tapi ya kuwe mau, ana cerita sing mbungahi, kaya critane kanca-kanca, jare ana sing dadi dosen, dadi direktur, anggota DPRD, akehe tah pada dadi guru SD, uge ana cerita sing nelangsa. Ya wis, sing durung begja sing sabar, ya. Sing kariere apik aja klalen karo kancane sing durung begja.
Bubar acara, aku langsung ngacir nganggo motor sing didol ora payu, aku kelingan Muntoha. Tekan ngumahe ditemoni kakange sing lagi depresi, deweke ngomong seru, " Aja takon Muntoha! Muntoha wis almarhum. Zakaria wis almarhum." ( Zakaria kuwe kakange Muntoha) Aku ora ngandel. Soale jare ponakane, Muntoha lagi terapi nang pondok pesantren, Brebes. Ponakane dikontak bolak-balik, ora nyambung. Barang bengi-bengi aku ora sengaja mbuka hape, ana SMS saka Izah, ponakane Muntoha. kaya kiye SMS-e,
" Slm. Oh td yg dRmh Mbah tu ka2y Om Muntaha. Sy sndr tinggal di psantren dMulyoharjo. Sblm'y sy mHnMf yg sbsr2'y, krn nomr jnengan hlg jd bru bs mngabari skrg. Om Muntaha sudah wafat sejak tgl 11Feb 2010 ( 26 Safar ). Jd insyaAllah haul'y sQtar 2bln Lg. Mhn doa'y sMg bliau brada dlm kRidloan Allah. Trmksh."
Innaalillaahi wa innaa ilaihi rooji'uun.
Wis meh setaun bisa ora ana sing ngerti? padahal sekota.
Ngapurane nyong lan kanca-kanca Mas Muntaha.
Muge-muge Allah Ridlo karo kabeh amal ibadahe Mas Muntoha. Amin.
Son, potone ndi Son? Pan tak aplod kiye.
Senin, 27 Desember 2010
Minggu, 12 Desember 2010
kumpul maning yuk!
He... kanca-kanca,
Pada kumpul-kumpul maning yuk!
Jare Mba Sri Indriyani, sing diiyani dening Mas Khalimi,
Sony, Padmo, Sabarini, Larasati, Munip, Handayani, Dirjo,
Kasirin, Nasori, Winarsih Widiyati,
mengko tanggal 26 Desember 2010 Kanca-kanca apan pada ngumpul
nang " BOJONG RESTO 1 "
Aja klalen ya!
Nawir,
Sirtu Filaili,
Rochimah,
Agus Sudismo,
Diyono,
Slamet Fauzi,
Jamaludin,
Nurcipto,
Fitriyatun,
Karmini,
Darisem,
Sugeng Budiarto,
Lukman Abadi,
Mulyono,
Cip Kirmanto,
Reni Puryanti,
Sri Hartati,
Kusyanto,
Kusdiyanto,
Syarif Mukhayat,
Tumiyati,
Indah Trisniatun,
Purwanto,
Norma Agus Salim,
................
Mengko tak enteni nang Bojong Resto 2.
Kae lo, dalan Bojongbata sing pan maring Sumberharjo,
Syarif mesti apal, sawise pertelon sing pan maring Mengori,
ngulon sitik. La kuwe, mengko ketemu nang kono.
GAWA KABEH ANAK BOJOMU!
Pada kumpul-kumpul maning yuk!
Jare Mba Sri Indriyani, sing diiyani dening Mas Khalimi,
Sony, Padmo, Sabarini, Larasati, Munip, Handayani, Dirjo,
Kasirin, Nasori, Winarsih Widiyati,
mengko tanggal 26 Desember 2010 Kanca-kanca apan pada ngumpul
nang " BOJONG RESTO 1 "
Aja klalen ya!
Nawir,
Sirtu Filaili,
Rochimah,
Agus Sudismo,
Diyono,
Slamet Fauzi,
Jamaludin,
Nurcipto,
Fitriyatun,
Karmini,
Darisem,
Sugeng Budiarto,
Lukman Abadi,
Mulyono,
Cip Kirmanto,
Reni Puryanti,
Sri Hartati,
Kusyanto,
Kusdiyanto,
Syarif Mukhayat,
Tumiyati,
Indah Trisniatun,
Purwanto,
Norma Agus Salim,
................
Mengko tak enteni nang Bojong Resto 2.
Kae lo, dalan Bojongbata sing pan maring Sumberharjo,
Syarif mesti apal, sawise pertelon sing pan maring Mengori,
ngulon sitik. La kuwe, mengko ketemu nang kono.
GAWA KABEH ANAK BOJOMU!
Langganan:
Postingan (Atom)