Kang Khalimi, Yu Sabarini, Yu Indriyani, Yu Suwarsih, Kang Padmo, lan liya-liyane pada bungah-ngah. Ambegane mak plong-long. Apa sing diusahakna pirang-pirang dina kiye, saiki wis netes, maujud dadi acara sing luar biasa. Senajan ora kabeh nanging wis bisa diarani sukses. Kanca-kanca sekolah mbiyen lagi nang SPG Negeri Pemalang lulusan tahun 1988, pada teka, nekani undangane. Malah anan sing ndadak sontak senajan lagi ana urusan penting kaya Mas Susianto, sing saiki dadi dosen nang UMB (Universitas Muhammadiyah Bengkulu), dilakoni numpak motor mabur. Padahal deweke waktu kuwe lagi nang Muko Muko ( ngendi kuwe Mas Susianto? ). Mba Sri Hartati sing saiki dadi politisi Gerindra, uga teka. Padahal anake lagi mriyang, malah arep mangkat opname ( muge-muge cepet mari ya Mba! ), Mas Teguh Raharjo sing nang SCTV, malah dilakoni ngatur jadwal men bisa teka. Kaya kuwe uge Mas Muslihin sing nang Indosiar, Kang Jamaludin, Kang Slamet Riyanto, Kang Diyono, Wage Priyanto, Winarsih Widiyati- Win Cilik sing saiki dadi Win Gede-, Larasati, Sri Handayani, Larasati, Khalimi "tela"( he...he...he...), Usman Moga, Mas Guru Soni, Ustadz Hasyim, Waluyo Watukumpul, Sirtu Filaili, Nurokhmani, Widyo Sisnowo, Titi Supriyati, Sugeng Budiarto, Karmini, Casiti, Nursiyam, Nurdiyati, Sutati, Sri Rahayu, Nurkholik, Kuswanto, Wahidin, Wijoyo, Pak Bau Muslim, Riyati, Sri Mindaryati, Sri Hidayati, Puji Rahayu, Fitriyatun, Kasnadi, Kasirin, Rusmiyati, Pak Bau Supeno, Dwi Sriyanti, Titi Lestari, Aenar Ajmalah, Kusriyati, Mba IO, Margono, Andi Suharjono, Sunoto, Slamet Riyadi, Suryono, Nasori, Haryanto, Dirjo, Supirman, Sudirman, Darminto, Norma Agus Salim, Nuning Rokhayati.
Sing ora teka, temenan gela nemen, ora bisa ketemu kanca-kanca sing rolikur tahun lawase ora tahu ketemu. Ngandel ora, akeh sing pada pangling siji karo sijine. Katon tambah ayu-ayu lan bagus-bagus ( he...he...he...sing nulis ora ding )
Acarane tah sederhana. Ora reka-reka. Anaha hiburan, ya paling ngrungokna Kang Khalimi nembang. Diselingi crita dewek-dewek kanggo tamba kangen. Bubar kuwe karo mangan iwak bakar lawoh sega, ( soale iwake gede, segane secuwil ) pada ngetokna uneg-uneg lan pikirane bab "kegiatan" sing pan teka. Ana sing ngomong bab kanca-kanca sing kurang begja, ana sing mbahas bab wujude kumpulan, apa kuwe forum silaturahim, Ikatan Alumni, apa maning lah sekarepe. Sing penting men ora bubar bar.
Kanggo mbantu kanca-kanca sing kurang begja, sing teka ngumpulna duwit salilane. Alhamdulillah olih pitungatus ewu luwih ( iya Kang Khalimi? )
Sadurunge pada pamit, dibahas soal waktu pertemuane maning. Ana sing usul saben tahun, ana sing saben rong tahun uga ana sing njaluk saben telung tahun. Akhire divoting ( lah, kaya anggota DPR tok ). Jebul sing menang sing usul rong tahunan. Ya, wong jare demokrasi, Volk Populi Volk Dei, iya Mas Soni? Akhire disepakati kumpule maning rong tahun sing pan teka. Ning ora kleru wulan Desember tahun rongewu rolas. Soal tempat lan panitiane dibahas mengko. La kanggo "forum komunikasine"
Si Jun, gon nggawe Blog. Ya wis, ora papa. Senajan ora pinter, dipinter-pinterna. Masa gon kaya kuwe beh, ora gelem. Kebangeten. Tapi ya kuwe, angger ora apik, apa kurang gadgete, aja dipoyoki. Dituturi bae, men tambah pinter. Iya ra Son. Bar-barane pada poto-potonan. ( meningan, muride R. Soehadi, B.A., S.Pd. )
Tapi ya kuwe mau, ana cerita sing mbungahi, kaya critane kanca-kanca, jare ana sing dadi dosen, dadi direktur, anggota DPRD, akehe tah pada dadi guru SD, uge ana cerita sing nelangsa. Ya wis, sing durung begja sing sabar, ya. Sing kariere apik aja klalen karo kancane sing durung begja.
Bubar acara, aku langsung ngacir nganggo motor sing didol ora payu, aku kelingan Muntoha. Tekan ngumahe ditemoni kakange sing lagi depresi, deweke ngomong seru, " Aja takon Muntoha! Muntoha wis almarhum. Zakaria wis almarhum." ( Zakaria kuwe kakange Muntoha) Aku ora ngandel. Soale jare ponakane, Muntoha lagi terapi nang pondok pesantren, Brebes. Ponakane dikontak bolak-balik, ora nyambung. Barang bengi-bengi aku ora sengaja mbuka hape, ana SMS saka Izah, ponakane Muntoha. kaya kiye SMS-e,
" Slm. Oh td yg dRmh Mbah tu ka2y Om Muntaha. Sy sndr tinggal di psantren dMulyoharjo. Sblm'y sy mHnMf yg sbsr2'y, krn nomr jnengan hlg jd bru bs mngabari skrg. Om Muntaha sudah wafat sejak tgl 11Feb 2010 ( 26 Safar ). Jd insyaAllah haul'y sQtar 2bln Lg. Mhn doa'y sMg bliau brada dlm kRidloan Allah. Trmksh."
Innaalillaahi wa innaa ilaihi rooji'uun.
Wis meh setaun bisa ora ana sing ngerti? padahal sekota.
Ngapurane nyong lan kanca-kanca Mas Muntaha.
Muge-muge Allah Ridlo karo kabeh amal ibadahe Mas Muntoha. Amin.
Son, potone ndi Son? Pan tak aplod kiye.
Inaalillahi wa inna ilaihi roojiun..
BalasHapusteman seangkatan kita yang telah mendahului kita
In memori
Kang suparno, teman yang kocak dan semangat untuk diajak apa bae , mbolos ayo, rajin ayo...
Khamid,asal taman , wiyono asal watukumpul,...
Memang angkatan 88 adalah spesial, sebab angkatan sebelumnya mungkin tidak sebegitu "sabar" seperti angkatan 88, pas bar lulus ora ana pengangkatan cpns guru, mangkane kanca kanca ana sing berjuang sampai 12 ( dua belas tahun) menapaki hari demi hari penuh dengan pengabdian menjadi guru guru muda dengan dedikasi tinggi mung ora pegawai negeri ...salut dan angkat jempol buat teman teman
Sementara yang tidak tahan ada yang beralih profes,dadi kuli.., dadi bakul, sing penting kerja kanggo makani anak bojo demi kehidupan yang mesti dilakoni...
Mas Purwanto,..( sayang wingi ora teka) saya sering komunikasi dengan beliau , awit jaman forum silaturahmi guru wiyata bhakti , aku melu ngrasakna meski hanya sekedar melihat, mendengar dari mas Pur, alm Parno ( semoga Allah memuliakannya) Apapun saya ,.. kanca kanca aku tetap lulusan spg 88 , yang kebetulan aku ora wani ngadepi tantangan jadi guru sebagai profesi , aku alih profesi...
Tahun 88 -89 aku sempat ngabdi di SD kabunan 08 karo Ali Sodikin (sayang Ali karo Khaeroni ora teka) gurune mung 4 loro guru ngabdi 2 guru negeri, sekolahane nang tengah sawah , setiap bulan oleh honor 17.500 rupiah ,bayarane nganggo duwet recehan hasil bayarane bocah bocah ....
Aku juga mendengar khabar baik dari mas Pur kalau temen temen mulai ada dispensasi pengangkatan sekitar 4 apa 5 tahun yg lalu ( kalau tidak salah) aku senang mellihat temen teman mulai sumringah dadi guru negeri ...
Kini ...setelah 22 tahun ketemuan ...memang pangling sing lanang pada butak butak sing wadon pada melar (he he... sorry mas Jun.. guyonan ) masalah profesi ana sing dadi kiye dadi apa bae sing penting pada pada kelingan ..terus arep apa maning ???
Ngendikane mas Susi Ok juga seperti nama statusnya ...kita bisa sharing ..informasi , sharing pengetahuan ...atau kalo memungkinkan sharing rezeki ....sing penting saranane wis ana kayata blog iki sing penting pada kompak pasti bisa ...
itu harapan saya sebagai sesama lulusan SPG angkatan "istimewa" 88
PAN APA MANING…?
BalasHapusTemu kangen bagiku adalah bagian dari silaturahmi untuk melanggengkan kehidupan
…untuk refresh…dan untuk membuka kembali memori kita tentang masa lalu..
Satu kebahagiaan bila setelah hampir 22 th kita berpisah bisa bertemu kembali dalam keadaan sehat walafaiat dan sukses…walaupun takbisa kita pungkiri ada rona sedih di sana…karena ada banyak teman tidak muncul, dan ada beberapa teman yang telah dipanggil yang Kuasa….
Hanya doa yang bisa kita iringkan untuk keselamatan dan kebahagiaan mereka amin…
Sobat and sobit…
Dua puluh dua tahun bukan waktu yang sesaat untuk berpisah…jadi takbisa dihindarkan ktika bertemu spontan berteriak..karena yang terbayang pasti cerita lama. Saat2 bersama di kelas…di kantin…di perpustakaan…bahkan saat di hukum membersihkan halaman atau membersihkan kamar mandi…hihihi…
Kalau kita telusuri perjalanan 22 th seusai kita lulus rasanya tak pernah kering pipi ini oleh aliran air mata...
Tapi sudahlah …biarlah smua itu jadi kenangan pahit buat kita dan jadi tonggak sejarah dalam kehidupan di dunia ini…
Yang penting sekarang kita sudah ktemu…rasanya bisa melepas dahaga kita selama 22 tahun. Jangan pernah putus asa…jangan pernah menyerah…karena kita belum kalah…dan aku yakin Allah selalu sayang kepada kita…
Salam kangen untuk sobat-sobit semua…
assalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh
BalasHapuskanca kancaku kabeh,
njuh pada mlebu maring blog fosil'88, panggonane bocah bocah lulusan espege 88 Pemalang kanggo kendu kendu roso. sing rasa pait, manis, kecut, asin pada mrene kabeh. mbokan ana sing durung ngerti, diwei ngerti. sing durung bisa diajari karo sing wis bisa. sing bisa ora usah nyethil marahi kancane. berbagi ilmu kebaikan kuwe ana ganjarane dhewek. saiki wis jamane serba komputer, ora usah kudu golet informasi maring ngendi ngendi, cukup mbuka komputer wis ngerti informasi ngendi ngendi ora. termasuk bocah bocah lulusan espege 88 Pemalang. mbokan ana informasi sing paling anyar, bisa dilebokna maring kene, dadi ra usah takon takon kabar siji sijine kanca. Informasi sing aku krungu, dina kiye minggu tanggal 30 Januari 2011, bocah espege 88 pada kumpul nang umahe om Khalimi (duplikate Rhoir) sing umahe nang Kabunan. Kumpul dalam rangka menyambung tali silaturahmi, khususe cah espege 88 Pemalang, kejaba kuwe menindaklanjuti hasil reuni tanggal 26 Desember 2010. ya wis kaya kuwe bae, salam kanggo kancaku kabeh...
assalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh